Cerita Bahasa Jawa Singkat

KETABRAK BECAK 

Sumarno crita marang Rudi menawa dheweke mentas ketabrak becak. Aku mau kesusu bali sekolah.Sawise salaman karo Bu Guru,aku nyandhak sepedha terus dak genjot bali. Aku ora ngenteni kowe. Amarga wetengku selak luwe. Nalika kuwi dalan rada macet,aku nyalip becak.Nanging aku sak wise nyalip becak,aku kepeksa mandheg,jalaran ing ngarepku akeh mobil jejel uyel uyelan. 

Wetengku saya krasa luwe,nanging aku ora bisa apa apa.Aku tetep lungguh ana sedhel sepedha, sikilku karo nyagak ing lemah supaya ora tiba.Lagi enak enake aku ngalamun,dumadaan krungu swara prak! Sadurunge aku noleh sepedhaku kesurung becak seka mburi. Sanalika sepedaku sak awakku kontal banjur nungsep ing kalen.Untunge awakku ora apa apa,mung wae atiku trataban ora uwis-uwis.

Berlangganan update artikel terbaru via email:

0 Response to "Cerita Bahasa Jawa Singkat"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel