Pacelathon Bahasa Jawa Singkat

PACELATHON
"GAWE LAYANGAN "

Andi lan Budi kanca sekelas.
Andi lan Budi kekancan rukun banget.

BUDI : Andi ayo pdha gawe layangan !

ANDI : Ya ayo Bud,aku tak golek pring, kowe nyiapke alat bedog,lem lan benang.

BUDI : Iki pringe wis tak sigari lan wis tak sisiki,saiki ayo digawe bareng

ANDI : Bud,kowe nyiapna kertas lan lem, aku tak tak njereti ragangan layangan.

BUDI : Wah wis dadi ragangane Ndi?

ANDI : Uwis Bud,saiki kertase digunting manut ambane ragangan layangan wis saiki ayo

kertase ditempel ing ragangan layanyan.

BUDI lan ANDI: Alakhamdulillah layangan wis dadi.



PACELATHON
"WAYANG PANDHAWA"

SARNO : Min, Bapak guru dina wingi ndongeng bab wayang.

SARMIN : Kepiye dongenge No ?

SARNO : Pandhawa iku ana lima ,yaiku puntadewa,Werkudara Janaka,Nakula lan Sadewa,
kabeh mau apik bebudene. Ing antarane Puntadewa duwe watak nrima ing pandum,Werkudara duwe watak bekti marang wong tuwa lan Guru.Werkudara Satriya ing Jodipati lan duwe kuku pancanaka. Nakula lan sadewa seneng tetulung marang sapadha padha.Wis ya Min,critane diteruske sesuk saiki wis sore wis wektune adus.

SARMIN : Ya ayo padha bali adus,kanggo siap siap sholat.

Berlangganan update artikel terbaru via email:

0 Response to "Pacelathon Bahasa Jawa Singkat"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel