Contoh MC Acara Pengajian dalam Bahasa Jawa

MC ACARA PENGAJIAN RUTIN 

Assalamu’alaikum Wr. Wb. 

Bismilahhirohmannirohim 

Alhamdulillah hirobbil ngalamin wassoaltu wassalamu ngala asrofil ambiyaiwal mur salin wangala alihi wasoh bihi aj mangin. Ammaba’du 

Ingkang kawulo hormati lan kawulo dereaken panjenengan nipun Bpk. KH. .....................  selaku Imam Masjid Raudlatul Huda. 

Lan dumateng sahabat Badi’ah ingkang kito ajeng-ajeng fatwa lan barokah ngilmu nipun. 

Soho dumateng Ibu Nyai Nur Aini selaku Pimpinan Fatayat NU Anak Ranting Dusun Cikuya ingkang kawula hormat hormat lan kawulo dereaken. 

Lan sedoyo ibu-ibu nyai, ibu-ibu muslimah, ingkang rawuh ingkang kawulo hormati ugi. Lan sedoyo pengurus Fatayat NU Anak Ranting Dusun Cikuya ingkang kawulo hormati. 

Wonten kesempatan sameniko monggo kito sareng-sareng nglahiraken raos syukur kito dumateng Alloh SWT ingkang sampun maringi nikmat soho rohmatipun dumateng kulo lan panjeneng sedoyo, sehingga wonten ing wekdal sonten puniko sanget makempal wonten ing majelis ingkang mulyo, lan saget sesarengan silaturrokhim wonten ing acara meniko kanti ucapan alhaAlhamdulillahrobbil'alamin. 

Sholawat soho salam mugi ka’atur dumateng junjungan kito nabi agung Muhammad SAW. Nabi ingkang kito ajeng-ajeng safangat ipun wonten ing yaomul kiyamah Allohumma ... amin … yarobbal alamin. 

Poro rawuh sedoyo ingkang kawulo hormati keranten wekdal ingkang sampun siang monggo kito sareng-sareng buka acara meniko kalih waosan hamdalah … Alhamdulillah hirobbil ngalamin. 

Kangge acara selajengipun inggih meniko waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an soho sholwat nabi ingkang bade kaasto panjenganipun sahabat …… 

Dumateng panjenengan ipun wekdal soho panggenan kawulo aturaken sumonggo. 

Kawulo aturaken matur nuwun. 

Acara ingkang kaping tigo inggih meniko sambutan saking Ketua Fatayat NU Ranting Dusun Cikuya Dumateng panjenangipun ipun sahabat Nur Aini wekdal soho panggenan kawulo aturaken sumonggo. 

Dumateng panjenangan ipun kawulo aturaken matur nuwun. 

Kangge acara selajengipun inggi meniko sambutan saking Ketua Fatayat Desa Cikuya. 

Dumateng panjenan ipun kawulo aturaken sumonggo. 

Kangge acara selajeng ipun inggi meniko Maungidotul Khasanah ingkang bade dipun asto dening …………………………….. 

Dumateng panjenan ipun kawulo aturaken sumonggo. 

Mekaten lan pengaosan saking panjenengan ipun Bpk. Ustadz Mungalim, S.Pd.I mungi mugiyo angsal manfaat lan pangertosan dumateng kulo lan panjenenganipun sedoyo Allohumma … aamiin. 

Kangge acara ingkang terakhir inggi meniko doa. Ingkang bade ka asto dening panjenenganipun Bpk. KH. Azhar Khamid. 

Dumateng panjenan ipun wekdal soho panggenan kawulo aturaken sumonggo. 

Ananging saderengipun waosan do’a, kawulo minongko pembagi wekdal kirang langkungipun kawula nyuwun aguning pangapunten. 

Kawulo akhiri kalih waosan WAllohul muafik ila akwamitthorik. 

Wassalamu’alaikum Wr. Wb. 

Berlangganan update artikel terbaru via email:

0 Response to "Contoh MC Acara Pengajian dalam Bahasa Jawa"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel