Pidato Perpisahan Kelas 9 untuk Siswa Bahasa Jawa

Assalamu’alaikum Wr.Wb 

Bapak Kepala sekolah ingkang setuhu kula bekteni. 
Bapak Ibu guru ingkang dahat kinurmatan. 
Serta rencang-rencang kelas 9 lan adhik-adhik ingkang kula tresnani. 

Ing wekdal niki, mangga kita sedaya panjataken puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung krana rahmatipun kta saged kempal ing acara perpisahan sakmenika kanthi sehat wal’afiat. 

Bapak ibu guru ingkang kula bekteni, kula minangka wakil kelas 9, ngaturaken sagunging panuwun dene bapak ibu guru sampun ikhlas maringi ilmu , pitedah-pitedah saha bimbingan ingkang mboten namung sekedhik paedahipun. Kula mboten saged atur piwales punapa-punapa , namung atur pudya wonten ngarsaning pangeran mugi sedaya amal kesaenan angsal piwales kang samurwat saking gusti ingkang murbeng dumadi. 

Ingkang kaping kalih , kula tansah ngaturaken maturnuwun lan pangapunten kangge bapak ibu guru ingkang dados kecewa, nelangsa lan nesu amargi kekhilafan kita sedaya. 

Kula cekapi atur panampi pamitan punika , menawi wonten kiranging atur kula tansah nyuwun agunging pangkasama. 

Wassalamu’alaikum Wr.Wb 

Berlangganan update artikel terbaru via email:

0 Response to "Pidato Perpisahan Kelas 9 untuk Siswa Bahasa Jawa"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel