Contoh MC Maulid Nabi SAW Bahasa Jawa Kromo

Assalamu’alaikum Wr. Wb. 

ALHAMDULILLAHIROBIL NGALAMIN, WABIHINASTANGINU NGALAUMURIDUNNYA WADDIN WASSOLATUWASSAMUNGALA ASROFILANBIYA IWALMURSALIN, WANGALA ALIHIWASOHBIHI AJMANGIN 

Hadrotal mukaromin wal muhtaromin poro alim ulama wabil khusus dumateng Syaikhinal Kirom Romo Kyai .................................. wal-zaujatihi wa ahli baitihi ingkang dipun mulya aken dening Alloh SWT. Mugi-mugi kito sedoyo pikantuk barokah ilmunipun fiddin wadunya khatal akhiroh. Amin Allohuma amin. 

Dumateng Ibu Nyai ............................. ingkang dipun minulyaaken mugi-mugio kito sedoyo pikantuk barokah ilmu Al-Qur’anipun fiddin wadunya hatal akhiroh. Amin. 

Dumatengipun poro ustad lan ustadzah ingkang kawulo urmati, dumateng Bapak Kepala Desa lan sedoyo sa’perangkatipun ingkang kawulo hormati ugi lan panjenengan sedoyo taati peraturanipun fa insya Allah. 

Lan dumateng sedoyo rencang-rencang ingkang kawulo Bangga aken lan kawulo cintai. 

Alhamdulillah kanthi hidayah, taufiq lan inayahipun Alloh SWT, kito saged makempal wonten ing majelis ingkang katah barokah wonten ndalu meniko kanthi mboten wonten alangan setunggal punopo. 

Sholawat soho salam mugiyo tansah kaatur wonten ngarso ndalem junjungan kito Nabi kito Nabiyulloh Nabi Agung Muhammad SAW ingkang mugio kanthi barokahipun saget ndadosaken kito sedoyo umat ingkang angsal syafa’atipun sa’mangke wonten dinten kiamat. Amin Allohuma amin 

Hadirin ingkang kawulo hormati, wonten mriki kulo minangkani dados pranoto adicoro sak perlu badhe ngaturaken runtutan adicoro wonten ndalu meniko, inggih meniko: 

1. Pembukaan 
2. Waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an lan sholawat Nabi 
3. Sambutan-sambutan : 
    a.  Sambutan Panitia 
    b. Sambutan Pengurus 
4. Muqodimah 
5. Inti/ mau’idotul Hasanah 

Hadirin ingkang kawulo hormati monggo koto wiwiti adicoro wonten ndalu puniko kanthi waosan umul kitab. 

Lirridho Illah wali syafa’ati Rosulillahi SAW, Al-Fatihah 

Adicoro ingkang kaping kalih inggih puniko waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an sho sholawat Nabi ………….. ingkang badhe kawaos dening panjenenganipun mba ( ............................ ) wekdal soho panggenanipun kulo aturaken sumonggo. 

Dumateng mba ( ............................ ) kulo aturaken matur nembah nuwun. 

Adicoro ingkang kapuing tigo inggih meniko sambutan-sambutan. Sambutan pertami inggi meniko sambutan panitia. Ingkang badhe dipun aturaken dening panjenenganipun mba ( ............................ ) wekdal soho panggenanipun kulo aturaken sumonggo. 

Dumateng mba ( ............................ ) kulo aturaken matur nembah nuwun. 

Sambutan ingkang kaping kalih inggi meniko sambutan pengurus ingkang badhe dipun aturaken, dening panjenenganipun mba ( ............................ ) wekdal soho panggenanipun kulo aturaken sumonggo. 

Dumateng mba ( ............................ ) kulo aturaken matur nembah nuwun. 

Adicoro ingkang kaping sekawan inggi meniko muqodimah, ingkang badhe dipun aturaken dening panjenenganipun ustadzh ( ............................ ) wekdal soho panggenanipun kulo aturaken sumonggo. 

Dumateng ustadzh ( ............................ ) kulo aturaken matur nembah nuwun. 

Adicoro ingkang paripurno inggih puniko Mau’idotul Hasanah Utawi Inti ingkang badhe dipun isi dening panjenganipun ustadzah ( ............................ ) wekdal soho panggenanipun kulo aturaken sumonggo. 

Dumateng panjenanganipun kulo aturaken matur nembah nuwun. 

Hadirin ingkang dipun mulyaken, mekaten adicoro ingkang sampung kito lumpuhi kanthi lancar, kolo teng mriki minangkani pranoto adicoro nyuwun agunging pangapunten, mbok bilih katah salahipun. Akhiripun wabillahi taufiq wal hidayah. 

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Berlangganan update artikel terbaru via email:

0 Response to "Contoh MC Maulid Nabi SAW Bahasa Jawa Kromo"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel